Dulur-dulurku kabeh,
Mangertenono, menowo web iki cinithak tuwuh soko gedening rasa tresno marang deso kelairan iro keng nampani wutahing badan iro rikolo iro sepisan teko neng Donya iki keng aran Desa Kismantoro. Kegawa tresno keng hambeg neng ndhodho, hamulo tuwuhing batin kepengin urun klungsu-klungsu waton udhu marang “Kismantoro”.
Muga-muga mengko ing tembe web iki bisoa ngajangi pinongko wadahing silaturahim poro kadang dulur Kismantoroan lan migunani tumrap Masyarakat Kismantoro sing di wutahne badane neng tlatah Kismantoro keng mapan ono ngendi wae sak lumahing jagad iki.
Sa’empune, Mugio rahayu keng sami pinanggih, hayu-hayuning sesanti hanyenyuwun hamemuji neng ngarsane Gusti Keng Murbeng dumadi, Bisoa kelaksanan lan kepareng keng Ginayuh, Kasarasan sing tuhu sampurno, Selamet ing sak paran-paran, kalis ing rubedo, nir ing sambikolo sekabehing poro wargo masyarakat Kismantoro. Amiin…
Matur Suwun
Salam taklim kawulo
admin kismantoro on line